Rabu, 04 Januari 2017

Medhar Sabda

Medhar Sabda
Ngandarakaken kawigatosan dhateng tiyang sanes kanthi lantaran pangadikan.

Pamedhar Sabda
Tiyang ingkang hanindakaken jejibahan/ayahan, hangandharakaken kawigatosan dhateng tiyang sanes kathi lantaran pangandikan, murih ancas wigatosing karsa kacakup.

Medhar Sabda utawi Ngendika/Celathu/Ngomong:
Tumraping priyantun jawi ingkang hajiwa budaya jawi, tumapaking karya boten badhe hadigang, hadigung, hadiguna, ngongasaken dhiri dupeh bisa, hananging kedah kanthi suba - sita, liripun tansah ngunggulaken/ngaosi dhumateng priyantun ingkang dipun ajak pangandikan, cethanipun kedah tansah kanthi "handap asor".

Ngendikan
Mboten kedah sora, nanging prayogi sageda "rereh, ririh, ruruh" hawit punika badhe saged akarya "leleh, lilih, luluh" satemah pangandikan badhe laras lan leres.

Leres
Trep tumraping unggah-ungguh tata krami, mboten tumpang suh, mboten nungkak krami, satemah mboten handamel rengkaning pasedherekan.
Trep tumraping kawontenan inggih tumraping raos, mekaten ugi tumraping pasrawungan.

Ngendika
Prayogi mangertos tegesing tembung ingkang kumedaling lathi, kedah runtut, sem, nges, lan endah, satemah badhe damel sengseming manah.
Dipun budidaya, sampun ngantos dados seriking manah, hawit panggandikan ingkang damel serik/sakiting manah menika, mboten badhe ical nadyan dumugining delahan.

Ngendika
Kedah ngangge suba sita, tata - susila tegesipun tindak-tanduk, muna-muni, solah bawa lan treping busana inggih kedah dipun tata lan kedah nglenggahi dhateng treping kasusilan.

Isining wedharan
Kedah nyakup:
A. Purwaka
B. Wigatosing bab
C. Dudutan / wusana
Wedharan kedah katata murih mboten wor suh, imbang (mboten kalorehan/cupet).
Gembleng (mboten lokak/kecicir)

Cak-cakanipun
Kaprigelaning pangucap, pangulahing, swanten, kedah leres-laras, cetha, lan pratitis.
Urutanipun:
- hatur salam lan pamuji syukur
- hatur pangabekti lan panuwun
- babaring wedharan
- hatur kalepatan
- panutup

Tidak ada komentar:

Posting Komentar